Kamis, 22 Desember 2011

UN Tapel 2011-2012

Pernak pernik tentang UN tahun pelajaran 2011/2012 telah keluar dan dapat di download disini.
Tentang UN tapel 2011/2012:

1. UN dilakukan satu kali, yang terdiri atas UN dan UN Susulan.
2. UN Susulan hanya berlaku bagi peserta didik yang sakit atau berhalangan dan dibuktikan dengan surat keterangan yang sah.
3. UN dilaksanakan secara serentak.

Pelaksanaan UN SMP/MTs tapel 2011/2012 tanggal 23 April s.d. 26 April 2012 dan jadwal UN susulan tanggal 30 April s.d. 3 Mei 2012, dengan urutan BIN, BIG, MAT dan IPA.
Jumlah soal : BIN = 50 PGB; BIG = 50 PGB; MAT =  40 PGB; dan IPA = 40 PGB.
Informasi lebih lanjut tentang UN tapel 2011/2012 dan SKL UN tahun 2012 dapat di klik di sini.

Senin, 19 Desember 2011

SINAU WISATA

Siapa yang tidak senang dengan Wisata? Tapi tunggu dulu.......! Wisata yang satu ini ada tambahan kata Sinau. Suatu istilah yang diambil dari Bahasa Jawa, yang artinya belajar. Jadi Sinau Wisata disini diartikan suatu kegiatan wisata yang didalamnya ada unsur belajar. Tahun ini SMP Katolik Ign.Slamet Rijadi Turen mengadakan kegiatan Sinau Wisata ke Candi Singosari dan Taman Safari Prigen Pandaan Pasuruan.

Sabtu, 10 Desember 2011

Perkemahan Srawung Pramuka

SMP Katolik Ign.Slamet Rijadi Turen adalah sekolah di bawah naungan Yayasan Karmel Malang Jl.Songgoriti 28 Malang, yang sedianya di dalam memeriahkan Ulang Tahunnya yang ke-86 tahun akan mengadakan kegiatan Kemah Srawung Pramuka yang sedianya akan diselenggarakan pada bulan Januari tahun 2012 yaitu tepatnya di tanggal, 27 s.d. 29 Januari 2012 di Bumi Perkemahan RINDAM, Lawang, Malang.

Jumat, 03 Juni 2011

Sawise Langit Katon Biru





i,” semaurku  rasa gela.
“ Hemm, … lumrah, saling melindungi,”  Sinta ngremeng ijen.
Wiwit Bu Sonya mulang ngganteni Pak Gik sing pensiun, suasana Sekretariat OSIS  rada anget. Akeh bocah sing dha bisik-bisik.





Klesak - klesike gandheng  sesawangan hubungane Bu Sonya  karo Pak  Rudi  sing miturut bocah-bocah radha nyrempet-nyrempet bahaya.
            Pak Rudi  guru  pembina OSIS, sing biyene perhatian nyang bocah-bocah   wiwit ora setya. Pak Rudi sering alasan repot, njur ora rawuh rapat apadene kegiatan-kegiatan sing ana gegayutane  karo OSIS. Umpamane repot tenan, bocah-bocah OSIS maklum. Sing marahi mbedhodhog, jare repot tibake goncengan karo Bu Sonya ana Pasar Paing. Hara,  apa kena dipercaya ?
            “ Man, jareku lho ya, kowe kudu enggal  sowan Pak Rasono. Matura bab iki. Kowe lak ketuane. Ana apa-apa kudu lapuran. Ketua OSIS je. Iki ya patut dilaporake nyang Kepala Sekolah. Terus terang wae kabeh mau amarga Bu Sonya. Karoben kapok.  Anyel aku “
            “ Sik ta Cik, sing dilaporake bab apa ? “
            “ Wik … Herman .. tulalit. Ya Bu Sonya Man ... !  Bu Sonya ... Huh .. ! “ aku gregeten nyang Herman sing jareku kesabaren. Tanganku  krasa lara amarga bola-bali nuthuki meja  ing  ngarepku.
            “ Lho.. apa hubungaku karo Bu Sonya? Sing  aneh kan Pak Rudi.  Kok njur nyandhak Bu Sonya?”
            “ Jelas, kabeh mau amarga bu Sonya,” Rasa gregetenku dadi kobong kemropok merga Herman mbelani Bu Sonya. “ Man … coba bayangna, aku kerep meruhi Bu Sonya gonceng Pak Rudi. Embuh mangkat sekolah, embuh mulih sekolah. Aku ya duwe seksi sing bisa dipercaya Man.  Aku ora sokor ngarani. Malah kabar sing paling gres saka Gundhul. Minggu awan wong loro rujakan na ngisor wit  jambu  ngarep omah  kos e Pak Rudi. Nek ora percaya, kae Gundhul isih urip”
            Rasa anyelku tumplek blek ana ngarepe Herman. Cowok ngantheng sing nate dak tolak cintane iku ngerti banget nek aku ngamuk tenan. Mula dheweke mung pilih meneng. Tangane loro karo sedakep ana dada karo nyawang njaba. Embuh mikir apa aku ora ngerti. Pandongaku muga-muga mikir golek cara  ngewangi aku.
            “ Piye ?  Kapan kowe siap Man ?   Nek kowe butuh kanca, aku sanggup, sekaligus dadi seksi. Nek perlu Gundhul, Sinta dijak pisan. Karoben jangkep informasine,“ Herman dak desek terus.
            “ Aku siap ! Saiki ora apa-apa. Kegiatane ya wis rampung. Sik kowe ana kene wae dak jukuke sepedahe …. ”
            “ He heh … aja suwe-suwe lho ya ?”  tanpa mikir dawa aku setuju.
Limang menit aku ngenteni Herman ana ruang sekretariat. Herman nuntun sepedhah motore saka parkiran.
            “ Ayo ... ndang numpak,” Herman ngabani.
            “ Man, ... ngene iki demi OSIS lho Man. Umpama ora mikirke OSIS aku emoh,“ celathuku karo mapan ana sadhel sepedhah motor.
            Ngliwati Jalan Ahmat Yani mlakune montor ora pati banter. Jam lima seprapat usume bocah SMA lan SMP mulih. Mula rame. Montor tansaya banter nalika ngliwati Jalan Cokro Aminoto. Aku ngrasa seneng, karoben enggal tekan ngon.
            Tekan pertelon montor menggok nengen.
            “ Lho Man .. kok nengen, salah dalan ?” protesku.
            “ Sik, tuku bakso dhisik. Ben duwe tenaga ngadhep Kepala Sekolah,”  krenahe Herman. Aku ngiyani.
            Bakso tenes  lan teh botol dodolane Pak Dolah dak sikat ludes. Awaku sakala krasa sumuk marga kepedhesen. Kanggo tomba pedes ilatku dak jejeli permen.
            “ Man mengko ora usah mbulet lho ya. To the point wae. Langsung nyang pokok permasalahane,“ Aku ndikte Herman. Wong loro isih lungguhan ana rombong baksone pak Dulah.
            “ Cik,  weteng mu ora apa-apa?
Aku  kok  lara,   senep  !  “   Herman   mrecing
 nggondeli wetenge.
            “ Lho kakeyan sambel paling !” tembungku lirih, sungkan yen dirungu pak Dulah.
            Sore iku rencana sowan Pak Rasono gagal total. Aku njur diterke mulih Herman. Sakjane aku ya gela. Ning piye maneh , kabeh ora di sengaja. Halah, sesuk apa emben durung telat. Batinku ayem.         
                Genep telung dina aku ora pethuk Herman. Neng sekretariat OSIS panggonane nongkrong ya ora ana. Jare Titin kanca sa klase, Herman lara.
Sak  suwene  iku  aku  terus  ajeg  golek  informasi kahanane Bu Sonya lan Pak Rudi.
Gundhul sing seneng kluyuran asring weruh Pak Rudi ngonceng Bu Sonya ing wektu sore. Isih jare Gundul,  dheweke tau mergoki Pak Rudi  mlebu Toko pakaian kulon pasar ngetutke Bu Sonya. Bu Sonya milih-milih daster, trus milihke kaos Pak Rudi barang.
            “ Wis ta Cik … pokoke mesraaa  banget. Aku njur mbayangake, aku dadi Pak Rudi-ne, kowe dadi Bu Sonya-ne. Oh …. sayang ku. “
            “ Hus … mblarah. Kowe dadi karo aku oleh berkah, aku oleh kowe musibah,” pangeceku guyonan. Gundul mung mringis klejingan.
            Embuh sethithik embuh akeh, aku percaya critane Gundul. Keyakiananku 100 persen. Pak Rudi karo Bu Sonya ana skandal. Wah …. iki jelas ora pener. Citra Sekolah tercemar nek ngene iki. Mula tekadku wadul nyang Pak Rasono bunder seser, kaya neker.
            “ Man wis waras tenan ta ? ” panyapaku lelamis. Sak jane dudu bab larane sing kepingin dak weruhi. Nanging kesanggupane ngadhep Kepala Sekolah.
            “ Sepurane ya Cik, nek dina iki aku durung isa. Ana undangan rapat ana Kantor Dik Nas.” Panolake Herman nalika dak tagih kesanggupane.
            “ Yen ana daleme piye, Man ,” aku menehi pilihan.
            “ Eng..sak jane ngene lho Cik, iki rak urusan dinas. Yen di urus ana omah kurang becik.”    Herman malah nasehati aku.
Herman ora dak gubris.  Jebule  Herman melu-melu sodrun, melindungi Bu Sonya.  Ah ... embuh, puyeng aku … !
            Atiku suntrut mikirke masalah sing ora karuan jluntrunge. Ketua OSIS kok kaya Herman. Ora duwe greget sigrak ngadhepi kahanan sing ora bener. Bu Sonya ya ngono, pada dene.
            “ Sin, kowe wani  sowan Pak Rasono ?” karepku Sinta dak ajak sowan Kepala Sekolah. Tinimbang ngenteni Herman, sing ora cetha janjine.
            “ Matur ngenai Bu Sonya karepmu ?”
            “ Gene kowe jenius, ngerti sing dak karepake,”  Sinta dak alembana  karoben gelem nuruti karepku.
            “ Aku setuju banget Cik. Yen ora kasil, ya cara liya. Demo !  Mogok belajar , kaya na tivi-tivi kae lho. Sapa ngerti ana wartawan sing meruhi, njur disiarake ana tivi. Heboh ! “
            Atiku lega krungu usule Sinta sing berapi-api. Aku rumangsa oleh bala.
            “ Ya, usulmu dak tampa. Mengko sore dak ampiri Sin. Sowan Pak Rasono,” panantangku.
            “ Nanging anu lho Cik, aku mengko ora usah mlebu, ya. Cukup kowe wae sing ana njero.”
            “ Wah ……. ya padha wae goroh Sin. Yen mung ngenteni ana njaba, penake ya ngejak si Blaki. Karoben jenggong yen ana wong,” wangsulanku sengol, amarga anyel. Jebul Sinta  sing dak lem pinter malah suwalike.
             Aku karo Sinta isih mlaku bareng. Nanging wong loro pada menenge. Tekan pertelon pasar, aku pisahan karo Sinta. Saiki aku mlaku ijen. Panase srengengi wulan September kaya mecah sirah. 
Tekan omah, tas dak uncalke na dipan. Sikilku dak wijiki ana  jedhing. Bathukku sing krasa panas dak raupi pisan. Seger rasane. Sragam pramuka sing nemplek ana awaku dak jarake. Aku ora kepingin salin. Sesuk wis Minggu, dadi ora digawe maneh. Radio cilik sing setya ngancani aku dak uripi. Tanganku muter nggoleki gelombang stasiun radio  Harmoni.   Adate yen Sabtu awan ngene
iki acarane lagu-lagu lawas sing dadi karemanku.  Nalika iku lagune Erni Johan sing judule Kursi Penganten.
            Rengeng-rengeng aku melok nyanyi. Embuh oleh pirang larik aku ora eing awit keturon. Weruh-weruh wis jam papat sore aku nglilir amarga Ibuk dodok lawang. Ibuk ngutus aku maem. Awit wiwit mulih sekolah aku ngebleng ana kamar nganti lali maem awan.
            Sabtu sore aku ora duwe acara. Mula bubar adus ya mung lungguhan ana teras, gojegan karo Manis, kucing kembang telon sing ngalem, nanging pinter golek mangsa.
Kucing ingon-ingonku sing meh telung tahun iku dak elus-elus ana pangkonku nganti keturon.
            “ Ayo Manis, pindah panggon yen bubuk,” printahku marang Manis sing sajak turu angler. Lha wong kucing, diprintah ping pitulikur ya tetep wae. Mula Manis njur arep dak bopong mlebu nuju papane turu.
            Durung nganti  menyat saka kursi, Herman teka  numpak  sepedhah montore.
            “ Hey, Man ….. kadingaren, saka ngendi ?” pitakonku ngroyok. Herman njagang sepedah montore ana latar.
            “ Kok  kadingaren ta, aku kerep lho dolan mrene. Ning Yu Nik mesti kandha yen kowe ora ana. “  Herman  ora trima  dipaido.
            Aku klicutan isin, rumangsa konangan ngonku  ngapusi.   Bolak-balik Herman ndolani
 aku, ning Yu Nik sing dak kon nemoni.
Nanging embuh, sore iku aku kok njur kepingin ngobrol karo Herman. Aku rumangsa butuh dheweke. Malah nalika aku dijaluki tulung milihke kado aku ya gelem.
            “ Sing arep dikado sapa Man,” pitakonku, nalika arep budhal nyang toko.
            “ Sepupuku,  dadi manten.” Wangsulane Herman kalem.
            Aku karo Herman runtung-runtung mlebu toko tuku kado. Herman ya blanja arloji, embuh kanggo sapa aku ora neges. Mula aku ya njur milihke arloji barang.
            Ora krasa mulih blanja wis jam setengah sanga bengi. Herman ora langsung mulih. Nerusake jagongan ana teras, sinambi ngandok sate lonthong sing liwat ngarep omahku. Embuh, wengi iku aku betah jagongan karo Herman.
            “ Piye bab sowan menyang Pak Rasono, Man,” ujug-ujug aku eling perkara iku.
            Herman mung meneng. Sikile tengen ditumpangke dengkul kiwa. Tangane sendakep ana dhadha.  “ Kowe cemburu marang Bu Sonya? ”
            Pitakone Herman  nampeg dhadha kang jalari aku krasa seseg. Ora ngira yen Herman kewetu takon sing mblejeti awaku. Meneng-meneng Herman isa maca pikiranku.
            “ Ora, apane Bu Sonya  sing marahi aku cemburu? ” wangsulanku sak kenane. Aku isin. Wengi iku umpama lampune padang, kira-kira pipiku abang kaya piting digodhog.
 Suaraku ya rada glagepan, marga goroh.
            “ Ya wis, ... “  celathune Herman cekak.
            Sapungkure Herman aku ora isa turu. Mbok manawa amarga aku ora jujur. Yen diarani ora cemburu ning nyatane iya. Naning yen aku cemburu, cetha ora mathuk. Pak Rudi mung guruku, sing gati marang muride, termasuk marang aku.  Apa aku kudu  nesu yen Pak Rudi gati marang Bu Sonya sing dadi kancane ? …….
            “  Nanging Pak, Bu Sonya nyebabaken Pak Rudi mboten ngatekaken kegiatan OSIS. Pak Rudi nuruti pamundhute Bu Sonya, tinimbang OSIS. Repot piyambak. Mula pengurus OSIS  pilih bubar kemawon, menawi Bu Sonya taksih dados guru  wonten ngriki. Mangga, Pak Rasono milih ingkang pundi. Menawi tetep kados mekaten lare-lare ugi  bade Demo ageng-agengan. “
            Pak Rasono mung mesem thok. Atiku krasa anyel. Apa maneh bareng Pak Rudi lan Bu Sonya  mlebu ruang Kepala Sekolah. Atiku krasa mbedhosol. Pak Rudi  lungguh njejeri Bu Sonya ana kursi dawa. Rumangsaku Bu Sonya nyawang aku  ngece. Lan tanpa dak nyana Pak Rasono ngusir aku saka ruangan ngonku jagongan sadurunge wong loro iku mlebu.
            “ Wis, cukup Cik. Kowe kena metu.
Dak kira urusanmu wis rampung. “
            “ Lho, Pak ... niku mboten adil.       
Pak ... ora adil ... , hu …. hu ….” Aku nangis kekitrang kaya bocah cilik. …..
            Nganti mataku melek byar aku isih nangis. Tibake aku mung ngimpi. Aku durung sowan Pak Rasono. Rencanaku sesuk sore diterke Herman.
            Jam setengah papat aku wis macak ayu. Sejatine aku ora sreg yen kudu ngampiri Herman.  Mosok cewek ngampiri cowok, kok ya … ara pantes. Ning amarga butuh, ya dodol gengsi sithik ara apa-apa.
            Herman nyetater suprane. Sawise pamit ibuke Herman, aku wong loro boncengan ninggal plataran omahe Herman.
            “ Awake dhewe kudu omong-omongan dhisik Cik, nyusun strategi, “  usule Herman.
            “ Ya.. aku setuju. Ana ngendi penake. “
            “ Piye yen mandeg na Taman Kota kono. Karoben taneg olehe omong-omongan. Tinimbang karo numpak sepedhah, omongane ora pathi cetha.” Herman milihake  pangngon.
            Kabeh rencanaku dak kandakake Herman. Uga rencana Demo gedhen-gedhen yen nganti cara rembugan gagal. Olehku ngimpi barang ya katut kecrita nyang Herman. Herman tetep setya ngrungokake nganti ngonku crita tekan titik.
            “ Wis ?   Entek  critane,“ pitakone Herman santai. Aku mung mesem kecut.
            “ Aku dak takon, jawaben kanti jujur ya Cik,” Herman nginterogasi aku kaya  polisi bagian kriminal.
“ Kowe cemburu marang Bu Sonya.“
            “ Kok  kuwi maneh maneh. Dek bengi
kae rak wis dak jawab ta Man,” suaraku atos, wiwit  emosi.
            “ Iya, nanging kowe ora jujur. Aku ngerti sejatine kowe ngarepke Pak Rudi. Saka lageyanmu aku bisa mangerteni, kowe nresnani Pak Rudi. Kowe ora nampa aku amarga kowe ngenteni Pak Rudi.     Iya apa ora ?”
            Aku mung meneng. Ora wani nyawang Herman amarga isin. Kandhane Herman ora ana sing luput. Herman isih nerusake takon:
            “ Apa nganti saiki kowe isih ngarepa-arep Pak Rudi, Cik ?”
            Aku ora wangsulan.
            “ Aku ora ngalang-ngalangi kekarepan-mu Cik. Lan aja salah tampa. Aku mung ngeman awakmu.”  Herman ngrogoh sak jakete. Undangan warna jambon di ulungake aku. Aku isih ora ngerti karepe. Undangan iku kanggo pengurus OSIS.
Undangan ya dak waca, amarga aku ya dadi pengurus OSIS. Lambeku kedher nalika maca sapa sing bakal dadi manten. Tanpa dak sengaja banyu bening nelesi pipiku. Aku nangis. Isin karo Herman, Bu Sonya lan mbuh sapa wae sing meruhi polahku sasuwene iki.
            Herman ngelungake sapu tangan saka sak celanane. Aku tambah isin. Herman dak gapyuk pundhake. Sesengrukan aku ngumbar tangisku. Manuk sriti ngguyu aku,  mabur sliweran turut pang garing  sing keterak  ketiga dawa.
            “ Kowe  nekani  undangan  iki ?”  Herman miwiti rembugan, sawise aku meneng.
            “ Embuh Man … aku durung bisa mutusake.” Undangan sing wiwit mau dak gegem dak  ulungake Herman.
            “ Yen kowe arep teka, aku sanggup ngancani kok Cik.”  Tangane Herman nampani undangan sing dak ulungake. Dudu  undangan
sing  di   tampani   nanging   tanganku   sing  digegem kenceng. Aneh, ana kekuatan sing nyalur ana awakku, kang njalari aku ora kuwagang nolak.
            Suarane Azdan Magrib saka Masjid ngarep Taman Kota ngutapake ngonku ninggal taman. Mega peteng ing ati sumilak padhang.  Ing sisih kulon langite katon  biru, kaya biruning atiku  …….

By : Paulina Prihatiningtyas
~~~~

Rabu, 25 Mei 2011

Penerimaan Peserta Didik Baru (PPDB)

SMP Katolik Ignatius Slamet Rijadi Turen Kabupaten Malang menerima peserta didik baru tahun pelajaran 2011/2012 sejak tanggal 5 Mei 2011.